Sesorah
Sesorah
sesorah iku tembung liya saka pidhato. pidhato iku medharake gagasan piranti lesan kang ditujokake marang wong akeh. akeh tembung kang maknane padha karo sesorah watara liya tanggep sabda, tanggep wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya liyane. sanajan tegese padha, tembung tembung arep kudu patitis anggone ngepasake. kudu cocog karo unggah ungguhe.a. maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah
saka tuladha ringkes teks sesorah ing sisih kiwa, isa ditemokake ragangan bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1. irah irahan
2. salam pambuka
3. pakurmatan
4. purwaka basa utawa pambuka
5. wos utawa isine sesorah
6. andharan wose sesorah (yen butuh)
7. pangarep arep (pangajab)
8. wasana basa utawa panutup
9. salam panutup.
tuladhane teks sesorah:
sesorah halalbihalal
assalamualaikum wa rahmatullahi wa barakatuh,
bapak bapak, simbok simbok, kaum muslimin muslimat ingkang satuhu kinakbekten. minal aidzin wal faidzin.
mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun gusti ingkang maha agung, allah swt, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah.
ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara "apura ingapura" utawi "halalbihalal" warsa 1437 h menika.
kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat islam saindenging nuswantara samya nindakaken solat ied.
ing wekdal ingkang sae menika mugi mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah.
makaten lan sematen atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila.
wa assalamu alaikum warahmatullahi wa barakatuh.
b. nanggapi baku baku isine teks sesorah
sesorah iku cak cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora nduwe wenang liya kajaba mung nampa. tanggepan marang isine sesorah ora isa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. tatacarane menehi wong panemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan supaya isa nanggepi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sopo kang sesorah arep. kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggepi. kanthi mengkone kang nanggepi isa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.
c. nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan
sugih kang wis kaandharake ing ngarep ngguyu ragangan wis gumathok, yani aku irah irahan;salam pambuka;pakurmatan;purwaka basa utawa pambuka;wos utawa intine sesorah;anfharan wose sesorah(yen butuh);pangajeng ajeng(pangajab);wasana basa utawa penutup;lan salam panutup. sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dewe.
d. tujuane sesorah, yani aku:
1. kanggo menehi pangerten utawa kawruh
2. kanggo menehi prungu utwa informasi marang wong liya
3. aweh panglipur
4. dhemen pangrimuk(mbujuk)supaya melu apa kang diandharake pamicara.
sumber: gegaran nyinau basa jawa 2 kls xi sma/smk/ma.
Gud
BalasHapusCukup lengkap
BalasHapusPocong
BalasHapus