Sesorah
Sesorah sesorah iku tembung liya saka pidhato. pidhato iku medharake gagasan piranti lesan kang ditujokake marang wong akeh. akeh tembung kang maknane padha karo sesorah watara liya tanggep sabda, tanggep wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya liyane. sanajan tegese padha, tembung tembung arep kudu patitis anggone ngepasake. kudu cocog karo unggah ungguhe. a. maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah saka tuladha ringkes teks sesorah ing sisih kiwa, isa ditemokake ragangan bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku: 1. irah irahan 2. salam pambuka 3. pakurmatan 4. purwaka basa utawa pambuka 5. wos utawa isine sesorah 6. andharan wose sesorah (yen butuh) 7. pangarep arep (pangajab) 8. wasana basa utawa panutup 9. salam panutup. tuladhane teks sesorah: ...