Tembang pocung
Tembang pocung serat wedhatama anggitane kgpaa mangkunegara iv kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 bait. a. maca lan nanggapi teks serat wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru tembang, lan guru wilangan. - pupuh pocung ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 15 bait, wiwit saka tembung 'ngelmu iku ....' tekan tembung 'angkara'. - guru gatrane saben sapada tembang pocung ana 4. - guru lagune tembang pocung yani aku u, a, i, a. - guru wilangane tembang pocung yani aku 12, 6, 8, 12. - supaya gampang dieling-eling, guru wilangane lan guru lagune tembang pocung, biasane tinulis 12u, 6a, 8i, 12a. b. nemokake tuntunan ing serat wedhatama pupuh pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan. bait iku mung salah siji saka 15 bait ing pupuh pocung serat wedhatama. saka bait kang wis dijarwakake dadi basa indonesia arep isa ditemokake tuntunan ing urip, upamane: -...